Galuh (Pembawa Acara) : sugeng enjang, para pamiyarsa medal
sakmangke sesarengan
kula Dyah Galuh kaliyan rencang kawula Dinda
Ayu
ngaturaken warsa Liputan 6 Terkini
·
Tawuran antawisipun pelajar
SMA 70 kaliyan SMA 6 kedadosan wonten Jakarta Selatan dinten sabtu kepengker,
ngantos wedal menika polisi taksih madosi pemicu tawuran utawa sinten ingkang
ndamel gara-gara tawuran, salajengipun laporan Tim Redaksi
·
Tawuran pelajar antawis
kaleh sekolahan menengah atas, Sabtu kepengker kedadosanipun wonten kawasan
Bulungan, Kebayoran Baru, Jakarta Selatan. Kedadosan tawuran dipunlampahi
saking SMA 70 lan SMA 6 Jakarta Selatan. Rekadaya supados menang kaliyan
mengsahipun sami mbekta alat-alat kangge beladiri kados to pring, sabuk bermata
giri lan sela.
·
Bentrokan kaleh sekolahan
utawa kelompok belajar kala wau, saget bubar saksampunipun polisi dhateng
lokasi kedadosan lan kelompok polisi ngawontanaken tembakan gas air mata .
mboten wonten korban jiwa lan mboten wonten pelajar ingkang dipuntahan polisi
saking kedadosan menika. Polisi inggih dereng sumerap sarana jelas pemicu
kedadosan tawuran antawis kaleh sekolahan menika.
Dinda (Pembawa Acara) : supados para pamiyarsa langkung jelas
warta menika, kula
sampun sesarengan kaliyan rencang kula, inggih menika
Fatimah Azzahra wonten tempat kedadosan.
Sugeng enjang, kepriye kahanan nang kono,
sakwise kadadeyan
tawuran sabtu wingi?
Fatimah (Reporter) : inggih para pamiyarsa,
kawontenan wonten mriki sampun pulih
kados wingiuni lan masyarakat sampun
nglampahi
pendamelanipun sehari-hari kados biasanipun .
Supados pirsa
kados pundi saget pirsa kawontenan sak
leresipun nalika
tawuran menika leres-leres kedadosan, wonten
sisih kula
sampun wonten ibu Suhartini ingkan mirsani
sarana langsung
tawuran lan mujudaken salah setunggal warga
saking lokasi
kedadosan.
Ibu
menawi pareng mengartosi asal-asalnipun tawuran nika
kados pundi, kok saget kedadosan tawuran
menika.
Suhartini (Narasumber) : kula inggih kirang mangertos mula
bukanipun. Pokokipun
ingkang kula sumurupi sampun katah murid SMA
ingkang
dhateng saking arah kilen lan kelompok
ingkang setunggalipun
dhateng saking arah wetan, terus kedhadosan
antawis kaleh
kelompok siswa kalawau sami gepuk-gepukkan.
Fatimah (Reporter) : menapa wonten ingkang
dipunrugiaken sawontenipun tawuran
menika, kados to ngrusak rumah warga lan
sanes-sanesnipun
Suhartini (Narasumber) : ohh, mboten wonten, nanging ingkang
jelas kula taksih trauma
kaliyan kedadosan menika.
Fatimah (Reporter) : lajeng kados pundi tanggapan
ibu perkawis tawuran ingkang
kedadosan kala wingi ?
Suhartini (Narasumber) : ingkn jelas menika mboten pareng
dipuntiru, sebabipun mangke
saged ngrusak pakartinipun generasi bongso,
utaminipun bangsa
Indonesia
Fatimah (Reporter) : matur nuwun sanged ibu,
sesarengan infonipun utawa
kejelasanipun wedal keserahaken dhateng Dinda
lan Galuh
wonten studio.
Galuh (Pembawa Acara) : fat, nganti saiki polisi isih enek nang
kono?
Fatimah (Reporter) : iya, nganti saiki polisi isih
ana nang nggon kedadeyan, amarga
jaga-jaga lan mengantisipasi kedadeyan
tawuran maneh
Dinda (Pembawa Acara) : iya matur nuwun Fatimah
Fatimah (Reporter) : cekap semanten pawarto sking
kula, salam SCTV.
Galuh (Pembawa Acara) : para pamiyarsa, menika kala wau laporan
Fatimah Azzahra
saking lokasi kedadosan , info salengkakipun
saget para
pamiyarsa mirsani wonten Liputan 6 siang
pukul 12.00 WIB
Galuh + Dinda : salam SCTV…
Post a Comment
Post a Comment